Minggu, 10 April 2011

Cerita Rakyat Pekalongan

Asal usule Kutha Pekalongan
Diceritakan kembali oleh : Mukhlis

Jeneng Pekalongan asal-asale saka crita bocah nom-noman kang asma Joko Bahu. Piyambake putranipun Ki Ageng Cempaluk ingkang manggon ana ing Kesesi. Ki Ageng Cempaluk dewe, iku salah sijining punggawa kraton Mataram kang dipun buang amarga gadah kesalahan ingkang awrat. Mula deweke dibuang ana ing panggonan ingkang kasebut daerah"kasisian" yaiku panggonan kang pancen kanggo wong kang dipun sisihake pinangka ganjaran saking ana sebab kesalahan. Panggonan kasisihan mau saiki diarani dusun Kesesi.

Kasekten Ki Ageng Cempaluk sampun kondang ana tlatah Mataram. Mula rikala Joko Bahu, ya putranipun Ki Ageng Cempaluk ndaptar dadi prajurit Mataram ditampa kanti apik. Nanging wis dadi sarat saben prajurit anyaran mesti kudhu diuji utawa nglampahi pendadaran.

Ana telung tahapan anggone Joko Bahu nglampahi pendadaran. Sapisan Joko Bahu dipun pasrahi tugas supaya mbendung kali Sambong ana ing Mbatang. Wektu semono Sultan Agung Hanyokro Kusuma, ya Raja mataram, lagi gawe bendungan ana ing kali Sambong amrih supaya banyu bisa munggah kanggo mbanyoni sawah penduduk. Nanging gaweyan mau wurung terus. Jarene masyarakat kono, ing kali Sambong ana dedhemit sing nunggu. Dhemit mau ora ngrestuni yen kaline digawe bendungan. Mula saben esuk dibendung, mengko sorene bendungan mau ambrol.

Entuk tugas ngrampungake bendungan, Joko Bahu banjur topo broto nyuwun kekuatan dateng Gusti ingkang Maha Kuasa supaya bisa ngalahake kekuatan dhemit sing nganggu anggone mbangun bendungan. Sak jrone nglampahi tapa brata mau Joko Bahu ketemu karo dhemit welut putih sing nunggu kali Sambong. Sak nalika Joko Bahu njaluk kanthi apik-apik supaya aja ngrusak bendungan sing lagi dikerjakke. Nanging dhemit welut putih ora gelem. deweke rumangsa nduweni kali Sambong. Kepeksa Joko Bahu terus banjur perang tandhing karo dhemit welut putih. Rumangsa ora bisanandingi kasekten Joko Bahu, welut putih banjur nyerah kalah lan tunduk karo Joko Bahu. Welut putih banjur janji yen ora bakal ngganggu maneh gaweyan mbendung kali Sambong.

Tugas pendadaran kapisan kasil kanthi sae. Mbangun bendungan ana kali Sambong bisa rampung lan bisa dirasaake masyarakat manfaate bendungan mau. Joko Bahu banjur dipasrahi tugas kang nomer loro. Tugas iki arupa mbukak alas Gambiran. Alas Gambiran yaiku alas kang ana ing pesisir lor pinggir segoro. Wektu semono alas gambiran dipun wedeni amergo terkenal angker. Ora ana wong kang wani liwat alas ngkono, yen arep lelungan menyang wilayang kulon. Wong-wong luwih seneng milih dalan sisih kidul sing rada adoh nanging aman. Sebab yen liwat alas gambiran wong mau bakal muter-muter terus ana ing njero alas ora bisa metu.

Kanggo mbabat alas, Joko Bahu diparingi prajurit pengiring. Nanging akeh prajurit sing kesasarmuter-muter ora bisa bali. Akhire Joko Bahu wangsul ana padepokane ing Kesesi saperlu nyuwun pirsa dateng Ki Ageng Cempaluk babagan cara carane ngadepi siluman alas Gambiran.

Ki Ageng Cempaluk menehi ngerti yen siluman alas Gambiran bisa dikalahake yen Joko Bahu nglakoni tapa ngalong. Yaiku arupa lelampahan sipate kalong: turu gumantung, suku ana nduwur lan sirah ana sisih ngisor ing wayah awan lan tangi melek ana wayah mbengi. Anggone nglakoni salawase 40 dino.

Rampung anggone tapa ngalong genep 40 dina, Joko Bahu banjur mulai mbabat alas Gambiran dibantu karo para prajurit sing isih slamet. Alas gambiran kasil dipun babat, padang njingglang ngilar-ilar. Siluman alas Gambiran sing maune diwedeni saiki bisa dipindah sumingkir adoh ora ngganggu masyarakat sing liwat ana ing alas sing nembe dibuka Joko Bahu. Panggonan sing kanggo tapa ngalong mau diarani Pekalongan. Suwe-suwe ana ing daerah mau dipanggone omah. Krana wis aman, saya suwe saya akeh omah-omah dibangun penduduk. Akhire saya rame, banjur dadi kutho Pekalongan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar